Sabtu, 14 November 2015

SEKAR MACAPAT SINOM





SINOM GRANDHEL
Laras Pelog Pathet Nem
 
Nuladha  laku   utama,
Tumrape wong tanah Jawi,
Wong Agung ing Ngeksi ganda ,
Panembahan Senapati ,
Kapati amarsudi,
Sudane hawa lan nepsu ,
Pinesu tapa brata ,
Tanapi ing siyang ratri ,
Amemangun karyenak tyasing sasama .
(Cakepan Serat Wedhatama, Sri Mangkunagara IV)
 
Tembung wigati
a. Nuladha = nyontoa, nirua
b. Laku utama = laku becik, tumindak becik
c. Ngeksiganda = Mataram
d. Kapati = banget
e. Amarsudi = ngudi
f. Pinesu = diudi banget
g. Tanapi = uga
h. Ratri = bengi
3. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!
a. Sapa sing kudu ditulada manut tembang kasebut?
b. Ngeksiganda iku ngendi?
c. Apa sing diudi Panembahan Senapati
d. Apa tegese amemangun karyenak tyasing sasama?
4. Isi tembang
Niru/nyonto tumindak utama/becik
Kanggo wong tanah jawa
Ratu ing Mataram
Panembahan Senopati
Tumemen nanggone ngudi/ngupaya
Kanthi tapa brata/prihatin
Ing awan bengi
Supaya ndadekake tentreming ati
5. Pesan moral tembang
– Niru/nyonto tumindak becik/utama
– Nyuda/nahan hawa nepsu
6. Struktur metrum tembang sinom:
a. Guru gatra: 9
b. Guru wilangan lan guru lagu gatra:
1. 8a
2. 8i
3. 8a
4. 8i
5. 8u
6. 7a
7. 8i
8. 8i
9. 12a

Tidak ada komentar:

Posting Komentar